Skip to content
Allah Iku Mahakwasa episode artwork

EPISODE · Jan 6, 2023 · 5 MIN

Allah Iku Mahakwasa

from Suara GKJ Kotagede · host GKJ Kotagede

Gembala Menyapa 7 Januari 2023 ALLAH IKU MAHAKWASA Mazmur 29:1-11 Allah iku maha kwasa, kang nitahken langit bumi Tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali-kali Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji-puji (KPJ 1:1) Pepujian punika dados pepujian wiwitan ing Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ). Kula mboten mangertos dhasaripun kenging punapa tim KPJ BMGJ ndadosaken pepujian punika dados pepujian ingkang wiwitan. Ananging miturut panggraita kula karana pepujian punika saestu negesaken bilih Gusti Allah punika Allah ingkang mahakwasa. Allah ingkang sampun nitahaken langit, bumi lan saisinipun. Pramila kita minangka umat kagunganipun dipun timbali supados tansah ngakeni lan ngluhuraken panguwaosipun Gusti Allah ing salebeting gesang kita. Wonten ing waosan punika Prabu Dawud ngakeni bilih panguwaos lan pakaryanipun Sang Yehuwah punika saestu ngedab-edabi. Bab punika dipun gambaraken lantaran swantenipun Sang Yehuwah punika wonten ing sak inggiling toya, kebak kekiyatan lan kamulyan, kuwaos ndadosaken gunung mlumpat, nyemburaken geni mulad-mulad. Pramila prabu Dawud nimbali supados ingkang manggen ing swarga sami ngluhuraken saha manembah Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen (ay. 1-2). Sinten ingkang manggen ing swarga? Sawetawis juru tafsir kitab suci paring katrangan inggih punika para malaekat, nanging saged ugi bangsa Israel minangka putranipun Allah (Ul. 14:1; Mzm. 82:6). Supados saged ngraosaken panguwaosipun Sang Yehuwah lan ningali pakaryanipun, prabu Dawud nyeyuwun supados umat pinaringan kekiyatan lan berkah tentrem rahayu (ay. 11). Piwulang luhur ingkang saged kita raosaken saking waosan punika : 1. Kita saged ngraosaken panguwaos, pakaryan lan kamulyanipun Gusti Allah ingkang sampun nitahaken gesang kita ing alam donya punika lantaran kaendahanipun alam ingkang ginelar. Kahananipun alam ingkang endah dados srana kangge kita ngakeni kuwaosipun Gusti Allah. 2. Gusti Allah ingkang jumeneng raja kagungan panguwaos lan purba wasesa ing salebeting gesang kita. Pramila sampun ngantos kita gumunggung ngandelaken bandha, panguwaos lan kapinteran kita piyambak. Ananging sadaya ingkang kita darbeki kalawau sageda dados sarana kangge ngluhuraken asmanipun Gusti Allah.

Episode metadata supplied by the publisher feed · Published Jan 6, 2023

Embed this episode

Ready to play

Allah Iku Mahakwasa

0:00 5:42

No transcript for this episode yet

We transcribe on demand. Request one and we'll notify you when it's ready — usually under 10 minutes.

No similar episodes found.

Frequently Asked Questions

How long is this episode of Suara GKJ Kotagede?

This episode is 5 minutes long.

When was this Suara GKJ Kotagede episode published?

This episode was published on January 6, 2023.

Can I download this Suara GKJ Kotagede episode?

Yes. Use the download control on the episode player to save the publisher-provided media file.
URL copied to clipboard!