Skip to content
Asuransi episode artwork

Sep 30, 2022 4 min

Asuransi

from Suara GKJ Kotagede Hosted by GKJ Kotagede

Gembala Menyapa 1 Oktober 2022 ASURANSI Wulang Bebasan 14:12-31 Salah satunggaling pangajeng-ajeng tiyang ingkang ngginakaken asuransi inggih punika supados kagungan jaminan ingkang sae nalika barang utawi panggenanipun risak. Saged ugi supados kabetahanipun ing mangsa ngajeng saged tumata sae lan kacekapan. Ananging, kanyatanipun mboten sedaya asuransi punika gampil anggenipun ngedhalaken jaminan nalika wonten panyuwunan/ klaim. Manawi wonten klaim badhe dipun tindhakaken langkung rumiyin penelitian. Wonten petugas ingkang badhe nyuwun pirsa bab risakipun punika, jalaranipun punapa, sanget punapa boten risakipun, lan sakpiturutipun. Saksampunipun penelitian, nembe saged mangertos pinten persen jaminan ingkang badhe dipun tampi. Ingkang saged kita raosaken ing kawontenan gesang, kita mbetahaken jaminan gesang supados gesang padintenan punika mboten kebak ing raos ajrih lan kuwatos. Mekaten ugi ing bab iman kapitadosan kita. Sabdanipun Gusti ngengetaken kita bilih Gusti Allah punika ingkang dados jaminan gesang kita. Kanthi wedi-asih dhumateng Panjenenganipun, kita kaajak sami pitados bilih kita badhe nampi katentreman, langkung-langkung Gusti Allah dados tameng, anggen kita ngadepi sedaya prekawis. Pramila kita kaajak purun mbikak manah lan batos kita kangge nampi pamerdi saking Gusti. Mekaten ugi kita lampahi gesang kanthi wicaksana anggenipun tumindhak lan mboten egois. Saking kitab Wulang Bebasan punika, kita saged mangertos bilih ing padintenan kita punika wonten tiyang ingkang wicaksana, ugi wonten ingkang duraka. Tiyang ingkang wicaksana inggih punika ingkang purun mirengaken dhawuh pangandika lan pamerdi saking Gusti, mbudidaya gesang ingkang nyondhongi kaliyan karsanipun Gusti. Tiyang ingkang duraka inggih punika tiyang ingkang sampun nampi dhawuh pangandika lan pamerdi saking Gusti, ananging mboten purun nindhakaken ing gesang padintenanipun. Sakpunika kita taksih ing swasana wulan Kitab Suci. Ngantos ing dinten punika, kathah sanget piwucal ingkang sampun kita tampi lumantar Kitab Suci. Sedaya ingkang sampun kita tampi punika tamtunipun kangge kasaenan gesang kita. Pramila mangga tansah kita raos-raosaken, kita tindhakaken ing gesang kita kanthi temen lan kebak ing raos tanggel jawab. Kita tansah pitados bilih Gusti Allah punika saestu dados jaminan gesang kangge sedaya tiyang ingkang ajrih-asih dhumateng Panjenenganipun, ingkang setya tuhu nindhakaken sabda sucinipun Gusti.

Episode details come from the podcast's RSS feed.

Embed this episode

Ready to play

Asuransi

0:00 4:51

No transcript yet.

Requests help us decide what to transcribe next.

Frequently asked questions

How long is this episode of Suara GKJ Kotagede?

This episode is 4 minutes long.

When was this Suara GKJ Kotagede episode published?

This episode was published on September 30, 2022.

Can I download this Suara GKJ Kotagede episode?

Yes. Use the download control on the episode player to save the publisher-provided media file.