Skip to content
Konferensi Pers episode artwork

Nov 11, 2022 4 min

Konferensi Pers

from Suara GKJ Kotagede Hosted by GKJ Kotagede

Gembala Menyapa 12 November 2022 KONFERENSI PERS Mazmur 17:1-9 Tembung konferensi pers punika tamtu mboten asing kangge kita, menawi kita nate mirsani ing tv lan YouTube. Asring para selebriti utawi pejabat ing negari punika ngawontenaken konferensi pers, saperlu nerangaken prekawis-prekawis ingkang dereng cetha kaleresanipun. Pengajeng-ajengipun, lumantar konferensi pers punika tiyang kathah saged nyumerepi punapa ingkang sae lan pundi ingkang leres. Nalika kita ngadhepi rupi-rupi pacoben, padudon, utawi prekawis ingkang ewet asring kita nggadahi pepinginan kangge nerangaken punapa ingkang leres tumrap tiyang kathah. Nanging, benten kaliyan Prabu Dawud. Nalika ngadhepi regejegan lan padudon, piyambakipun mboten pados kabeneran ing ngajengipun manungsa. Miturut Prabu Dawud ingkang utami punika namung marek sowan ing ngarsanipun Gusti Allah. Namung Gusti Allah ingkang saged ningali kanthi adil lan sampurna. Prabu Dawuh tansah ngungsi ing ngarsanipun Gusti amargi piyambakipun yakin, tiyang ingkang tansah nglampahi gesangipun ing marginipun Gusti, Gusti tansah paring pitulungan. Sadaya punika wujuding kasetyan Prabu Dawud dhumateng Gusti. Saking waosan punika kita sami nampi pepenget lumantar kasetyanipun Prabu Dawud. Sumangga kita tansah nglampahi pigesangan kanthi setya ndherek Gusti, sarta tansah mbidudaya nglampahi pigesangan ing margining Allah. Lajeng, nalika ngadhepi prastawa ingkang awrat kadosdene padudon, rubeda, utawi regejegan, sumangga kita nulad sikapipun Prabu Dawud. Mboten pados kabeneran ing ngajengipun manungsa, nanging tansah ngungsi ing ngarsanipun Gusti. Amargi namung Gusti Allah ingkang saged ningali isining manah kanthi jangkep, adil, lan sampurna. Namung Gusti Allah ingkang saged paring pangayoman sarta kakiyatan. Bilih kita saestu leres, Gusti sampun nyumerepi lan badhe paring berkah. Bilih kita lepat, Gusti badhe ngemutaken langkung-langkung nedahaken margi ingkang leres. Sumangga kita tansah nyelak ing ngrasanipun Gusti lan tansah nglampahi gesang padintenan miturut karsanipun Gusti.

Episode details come from the podcast's RSS feed.

Embed this episode

Ready to play

Konferensi Pers

0:00 4:47

No transcript yet.

Requests help us decide what to transcribe next.

Frequently asked questions

How long is this episode of Suara GKJ Kotagede?

This episode is 4 minutes long.

When was this Suara GKJ Kotagede episode published?

This episode was published on November 11, 2022.

Can I download this Suara GKJ Kotagede episode?

Yes. Use the download control on the episode player to save the publisher-provided media file.