Skip to content
Super Hero episode artwork

EPISODE · Feb 17, 2023 · 4 MIN

Super Hero

from Suara GKJ Kotagede · host GKJ Kotagede

Gembala Menyapa 18 Februari 2023 SUPER HERO 2 Korinta 4:1-12 Kacariyosaken ing film Avenger: Endgame wonten satunggaling superhero ingkang karan Iron Man. Kacariyosaken Iron Man punika cumadhang ngurbanaken dhirinipun kanthi ngagem sarung tangan khusus ingkang wonten watu-watu kasektenipun. Swaunipun watak Iron Man punika kagambaraken minangka sosok ingkang gesangipun namung mikir dhirinipun piyambak lan boten migatosaken tiyang sanes (egois). Ananging ing pungkasanipun nalika perang ageng ngadhepi mengsah ingkang paling kiyat, Iron Man purun ngurbanaken dhirinipun kanthi methet drijinipun satemah mengsahipun saged kawon. Wonten ewah-ewahan sikep saking Iron Man lan punika nedhahaken minangka sikepipun super hero. Pitakenanipun, saking pundi dununging kakiyatan ingkang kados mekaten? Mbok bilih mekaten raos ingkang wonten ing manahipun Rasul Paulus nalika ningali lampah gesangipun. Paulus ingkang swaunipun dados tiyang ingkang remen nganiaya tiyang Kristen lajeng ewah dados juru pawartos Injil ingkang kawentar. Sanadyan kedah ngadhepi mawerni-werni bebaya saking tiyang-tiyang ingkang boten remen dhateng piyambakipun, Rasul Paulus tansah tatag nglampahi gesangipun. Ing ngriku Rasul Paulus paring paseksi bilih piyambakipun saged lumampah kados mekaten punika sanes krana kakiyatanipun piyambak, ananging krana pikantuk kakiyatan saking Gusti Allah. Mekaten ugi kita, saben manungsa ingkang purun ngrumaosi bilih dhirinipun winates lan tansah mbetahaken pitulunganipun Gusti Allah, bakal katuntun dening Roh Suci lan pikantuk kakiyatan wonten ing salebeting gesangipun. Tiyang ingkang kados mekaten punika bakal ngalami ewah-ewahan (perubahan) saking tiyang biasa dados ‘’superhero’’ utawi pahlawan iman. Nalika kita ngadepi maneka werni prekawis ingkang dadosaken manah lan iman kita dawah, mangga kita ngandelaken Gusti tuking kakiyatan lan pitulungan kita. Mangga kita tansah gesang ing Gusti Yesus. Kita pitados bilih kita saged nglangkungi sedaya prekawis karana Gusti nunggil kita.

Episode metadata supplied by the publisher feed · Published Feb 17, 2023

Embed this episode

Ready to play

Super Hero

0:00 4:58

No transcript for this episode yet

We transcribe on demand. Request one and we'll notify you when it's ready — usually under 10 minutes.

No similar episodes found.

Frequently Asked Questions

How long is this episode of Suara GKJ Kotagede?

This episode is 4 minutes long.

When was this Suara GKJ Kotagede episode published?

This episode was published on February 17, 2023.

Can I download this Suara GKJ Kotagede episode?

Yes. Use the download control on the episode player to save the publisher-provided media file.
URL copied to clipboard!